Kamis, 29 Desember 2011

Sinopsis Cerkak "Kembang Desa"

Sinopsis
“Kembang Desa”

Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani paklike ingkang sampun krama luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan. Amargi Pasuryanipun Heni ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan seneng sesrawungan dadosaken piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun punika lan boten kesupen kula ugi sami ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken bingung amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi adhi kula Tono punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul menawi badhe siram serasan. Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu Minah ingkang asma Yanto punika boten doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan Heru ingkang sansaya katah madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika kesandung jeglug utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan ruwet uwet-uwetan. Sanadjan ing mriku kula inggih angsal pawarta menawi sesampunipun panen, Heru badhe nglamar Heninanging boten dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten saget nampi menawi Heni dipunwicantenaken kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun dados wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing piyambakipun muntah-muntah. Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal dhateng ing griyanipun Lik Wakijo, nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun ingkang ngaken Heni supados sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang kula menawi Heni punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados wirangipun tiyang sepuh.

Unsur Intrinsik
1.      Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi saking cariyos punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi salah satunggalipun tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang kathah.

2.      Tokoh lan Penokohan

No.
Tokoh
Penokohan
1.         
Heni
Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah, pinter Srawung ananging boten purun ngrampungi prekawis.
2.         
Lik Wakijo
Petani dusun ingkang ramah lan jujur.
3.         
Tono
Adhine Agus igkang seneng geguyon lan nggodani Agus.
4.         
Gito
Lare enem ingkang boten purun ngalah, asifat wuyung lan seneng ndhagel.
5.         
Agus
Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan, wedinan, lan boten nate nyariosaken prekawisipun marang tiyang sanes.
6.         
Lik Siti
Seneng takon ananging boten mudengan.
7.         
Mbah Waginah
Seneng takon
8.         
Mbok De Parti
Seneng sambat lan anyel.
9.         
Sardi
Nglinduran.
10.     
Lik Sumi
Gawe ger-geran
11.     
Yanto
Larenipun Yu Minah ingkang boten purun  madhange amargi amargi kelingan kalih lirikanipun Heni.
12.     
Yu Minah
Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
13.     
Lek Tumirah
Ibune Gito, melasan.
14.     
Ibuku (Agus)
Melu anyel
15.     
Heru
Putune   mbah Wagimah ingkang sansaya kathah madhange ngantos boten ngumani adhine.

3.      Alur
Ing cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal dumugi pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang dadosaken sedaya priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni prayata yen ngandhut.

4.      Latar
a.       Papan
1)      Omahe Lik wakijo.
-          “Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa”.
-          Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
2)      Omahe Agus
“Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep”.
3)      Omahe Sri
“Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune”.

b.      Wekdal
1)   Esuk, awan, sore.
“Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong”.
2)   Sore
“Sorene aku pamit mulih dhisik”.
3)   Dina-dina candhake.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4)   Wayah awan.
“Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene”.

c.       Suasana
1)      Seneng
“Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga sing nyanyi sambi gitar-gitaran”.
2)      Kisinan.
“Aku mesem kisinan”.
3)      Kesiksa.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa”.
4)      Ngalamun.
“Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun”.
5)      Nesu
“kuwi jenenge srei, iri, sirik,” nesuku metu.
6)      Kaget
-          “ Meteng?” aku sansaya kaget.
-          Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut? Dhuh gusti...
7)      Gugup.
“Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan”.
8)      Bingung.
“Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh”.



5.      Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first person peripheral) amargi paraga “aku” biasanipun namung dados pambiyantu utawi pengantar paraga sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos “Bunga Desa” Agus minangka paraga “aku” dados pambiyantu paraga Heni ingkang dados paraga utami.

6.      Gaya basa
a.       Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
b.      Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
c.       Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang lambene kabeh nom-noman. (Hiperbola)
d.      Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung. (Purwakanthi guru swara)
e.       Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit. (Rura basa)
f.       Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)
g.      Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing disebut yo Heni. (Hiperbola)
h.      Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku dadi aku ora komanan apa-apa. (Paradoks)
i.        Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
j.        Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye? (Purwakanthi guru swara)
k.      Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)






17 komentar: